Jumat, 02 Agustus 2013

Drama Bahasa Jawa


*Drama ini original dari saya waktu diberi tugas membuat sandiwara oleh Guru Bahasa Jawa saya :)
Tema   : Budi Pekerti
Paraga  :
a.       Bu Wawa        : Alda Sabilatul K.A.
b.      Nini                 : Nur Azizah
c.       Nanang            : M. Khoirul Umam
d.      Purwo              : Aditya Ilham Prastika
e.       Mbah Teguh    : Adam Rahardi

BABAK I
              Nini, Nanang, lan Purwo punika siswa – siswi ingkang sekolah ing SMP N 1 Sukamundur. Ing sawijining dina, nalika pelajaran Bahasa Jawa, Bu Wawa, inggih punika Guru Bahasa Jawa ing sekolah punika, nerangake Bab tentang Budi Pekerti.

Bu Wawa      : “Sugeng Enjang, murid – murid?”
Murid–murid : “Sugeng Enjang Bu…..”
Bu Wawa      : “Kepriye kabare dina iki?”
Murid-murid : “Sae Bu…”
Bu Wawa      : “Alhamdu..???”
Murid-murid : “Lillah…”
Bu Wawa      : “Sek gak mlebu dina iki sopo?”
Murid-murid : “Paijo Bu…”
Bu Wawa      : “Loh loh.. Minggu wingi Paijo yo ora mlebu. Lha dina iki kok gak mlebu maneh lapo toh
                          cah?”
Nini               : “Ngiwangi macul bapake ing sawah paling Bu…”
Nanang         : “Heh, ngawur bae sampean iku! Nak ngomong mbok yo dijogo, ngomong mbi guru kok
                          gak ana sopan santune blas!”
Nini               : “Yo iyo … Nganti wes apal aku. Saben dina kok ngomong ngunu terus”
Purwo           : “Wes meneng! Niku Bu,, mripate Paijo sakit”
Nini               : “Waah… Paling senengane ngincengi wong iku… Hahaha”
Nanang         : “Heh.. sampean iku iso meneng opo ora leh? Jojohi sepatu malah!”
Nini               : “Gage leh.. Nyoh nyoh nak ameh mbok jojohi!!”
Purwo           : “Wes Wes.. ribut bae sampean – sampean kuwi!”
Bu Wawa      : “Sampun – sampun… Nini, ga entuk ngomong ngunu. Paijo kan kancamu dhewe toh?
                          Yen mengkono, enggal ditiliki bareng bareng nggih?
Murid-murid : “Enggih Bu….”
Bu Wawa      : “Nggih sampun. Saiki coba buka kaca 298 buku paket, Bab Budi Pekerti”
Nini               : “Eh iyo… aku lali ga nggowo buku paket”
Nanang         : “Halah… sampean iku yo oga lali. Tapi wes langganan! Aja silehi ben ngowoh lah”
Nini               : “Ora mbok silehi dak wes. Opo iyo tak pikir? Pelit sampean iku! Muleh sekolah tak kon
                          digondol langit!”
Purwo           : “Wes wes… Mrene Ni, ambi aku wae”
Nini               : “Ngunuku koyok Purwo, wes nggantheng.. apikan nyisan”
Murid-murid : “Ciyeeeeeee”
Bu Wawa      : “Sampun- sampun .. kok malah ora sido pelajaran iki mengko. Waktune namung 5 menit
                          kok.e malah mbuk nggo rebut dhewe. Bab ingkang kita pelajari dina iki yakuwi Bab
                          Budi Pekerti. Apa kuwi Budi Pekerti?”
Nini               : “Budi sing pekerti Bu…”
Nanang         : “Ngawur huuuu”
Bu Wawa      : “Sampun – sampun… Budi Pekerti yakuwi berarti moral lan kelakuan utawi tingkah laku
                          ingkang bagus nalika urip ing alam donya iki. Tuladhane, kayata bocah kang kudu
                          nduweni sopan santun lan tata krama kang bagus marang sapa bae. Ingkang utama
                          yakuwi marang bapak lan ibu, marang bapak ibu guru, lan marang sapa wae kang luwih
                          sepuh. Kita wajib hormat lan ngajeni meskipun marang wong kang durung dikenali.
                          Paham murid – murid?”
Murid-murid : “Enggih bu…”
Nanang         : “Nyoh… rungokke Ni… apa ingkang dipundhawuhi Bu Wawa”
Nini               : “Masamu aku gak nduwe kuping piye?”
Bu Wawa      : “Enggih sampun… yen ngunu cekap semanten kalawau pelajaran ingkang kita bahas ing
                          dina iki. Coba kanggo PR garapen kaca 313, Sugeng Enjang…”
Murid-murid : “Sugeng Enjang bu…”

BABAK II
              Ora krasa, wektu wes nuduhake jam 12.30, kaya biasa Nini, Nanang, lan Purwo muleh sekolah bareng – bareng. Amarga, omahe cedhakan. Nalika ing dalan, Nini, Nanang, lan Purwo ketemu simbah ingkang nembe nyeberang. Simbah ingkang nembe nyeberang kuwi katon sepuh lan lemes banget.

Purwo           : “Eh eh .. coba delengen kae. Ana mbah mbah ing pinggir dalan. Parani yok?”
Nini               : “Heh…! Aja… sampean nak diculik”
Nanang         : “Diculik sek tak kekno ndisik ya sampean Ni”
Purwo           : “Wes wes… lawong kayake arep nyeberang kok. Ayo parani”
(Nini, Nanang, lan Purwo marani simbah mau)
Nini               : “Heh mbah tuwo. Kowe lagi lapo iku?”
Purwo           : “Husss… omonganmu kuwi lho dijaga. Mau kan lagi bae didhawuhi Bu Wawa, mosok
                          wes lali?”
Nanang         : “Ora nduwe kuping paling”
Purwo           : “Mbah, panjenengan nembe nopo?”
Nini               : “Lagi ngadek ngunu kok.e mbuk takoki leh?”
Mbah Teguh  : “Arep nyeberang le… arep nggolek maem. Sampun seminggu aku durung maem le…”
Purwo           : “Asmane panjenengan sinten mbah?”
Mbah Teguh  : “Teguh le…”
Nini               : “Wonge kok ora sebagus jenenge?”
Nanang         : “Huss… Wah saake bener mbah iki Pur… ayo urunan Pur”
Nini               : “Emoh aku.. ora ana gara – gara atek nguruni wong ora jelas iki. Emange iku mbahem
                          piye kok mbok openi? Kenal ae ora kok.e … Moh urunan aku. Paling ndara mbodoni
                          leh, seminggu ora mangan kok ijeh urip”
Mbah Teguh  : “Heh nduk.. kowe iku anak.e sapa? Ngomong kok ora iso dijogo. Kualat kowe nduk”
Nini               : “Kualat elah. Aku ora wedi. Minggir minggir mbah tuwo”
(Nini lunga ninggalke Nanang, Simbah, lan Mbah Teguh tanpa sopan santun)
Purwo           : “Mbah kula nyuwun pangapunten nggih mbah kaliyan sifate Nini kalawau. Niki kula
                          kagungan arta sekedik kangge tumbas maem mbah”
Mbah Teguh  : “Matursuwun nggih dik. Tulung kandhani kancamu mau nggih? Dadi bocah mbok yo sek
                          nduwe sopan santun”
Nanang         : “Yen ngoten kula pamit nggih mbah, sampun sonten. Assalamu’alaikum”
Mbah Teguh  : “Wa’alaikumsallam”
(Nanang lan Purwo banjur bali)

              Nalika Nanang lan Purwo perjalanan bali, ujug-ujug krungu suara ingkang banter banget. Nanang lan Purwo banjur nggoleki asal suara kuwi mau. Jebul, kuwi suara motor ketibo. Banjur, Nanang lan Purwo mara ing lokasi kecelakaan kuwi. Nanang lan Purwo kaget, jebulane Nini dadi salah siji korban ing kecelakaan kuwi. Nini keserempet motor kuwi lan tibo ing njero got. Dheweke rusoh kabeh lan sikile getehen.

Purwo           : “Ya Allah Nini…. Ayo padha ing puskesmas saiki”
Nanang         : “Iyo.. ayo Ni… tak gendhong aku lan Purwo”
Nini               : “Huhuhuhuhuhuhuhu….”
(Nini nangis amarga sikile lara. Banjur, Nanang lan Purwo enggal nggawa Nini mara puskesmas. )

BABAK III
              Wus 5 dina Nini ora mlebu sekolah amarga sikile iseh lara. Banjur, kanca- kanca sakelase lan padha niliki ing omahe. Bu Wawa lan Mbah Teguh uga melu niliki. Amarga, Bu Wawa ngerti yen Nini kecelakaan amarga kualat kaliyan mbah Teguh.
Murid-Murid : “Assalamu’alaikum”
Nini               : “Wa’alaikum sallam. Eh kanca – kanca lan Bu Wawa… ayo mlebu”
Bu Wawa      : “Piye kahananmu Ni?”
Nini               : “Alhamdulillah sampun mendingan Bu”
Bu Wawa      : “Ni… saka peristiwa iki, awakmu kudu isa ngrubah sikapmu. Ngerti toh apa sek tak
                          karepake?”
Nini               : “Enggih Bu…”
Bu Wawa      : “Nah, mumpung ing kene ana Mbah Teguh. Enggala nyuwun pangapura marang Mbah
                          Teguh. Supaya, awakmu cepet mari.”
Nini               : “Enggih Bu… Mbah Teguh, kula nyuwun pangapunten nggih…. Amargi kula sampun
                          kurang ajar kaliyan panjenengan. Kula janji mboten mbaleni sikap kula malih”
Mbah Teguh  : “Iyo nduk… mbah nggih nyuwun pangapunten. Amarga mbah wus nyumpahke awakmu.
                          Nanging, aja dibaleni maneh nggih… dadi bocah kuwi kudu sek sopan. Aja semena –
                          mena, apa meneh karo wong kang luwih sepuh. Aja mbaleni maneh nggih?”
Nini               : “Enggih Mbah…”
Nanang         : “Wah Nini cepet banget warase yo? Hehe…”
Purwo           : “Husss.. kancane dadi apik ga Alhamdulillah kok.e malah ngomong ngunu piye toh
                          sampean kuwi?”
Bu Wawa      : “Nah… bocah – bocah saka peristiwa iki, akeh pelajaran kang isa mbuk jipuk toh? Bilih
                          budi pekerti, sopan santun, lan tata krama kuwi penting banget. Mula iku, dadea bocah
                          kang nduweni Budi pekerti kang luhur. Paham?”
Murid-murid : “Paham Bu…”

              Akhire, Nini sadar bilih  dheweke selama iki kuwi salah lan dheweke janji bakal ngrubah sikape supaya dadi bocah ingkang nduweni tata krama lan sopan santun ingkang luhur.
              Nah, saking cerita ing dhuwur, kita sebagai murid – murid kudu nduweni budi pekerti kang luhur marang sapa bae, kang utama yakuwi marang wong kang luwih sepuh.

JMATUR NUWUNJ




Tidak ada komentar:

Posting Komentar